Gawe laporan kudu nduweni susunan kang baku.. Sajroning laporan mau kudu ana perangan pambuka, , isi , lan penutup. Laporane kudu ngemot kabeh kegiatan lan prastawa kang kelakon, kalebu bab-bab kang gegayutan karo dana lan panganggonane lan kudu mujudake sakabehing proses kegiatan.
Kejaba iku, panulise lapoan ora kena ninggal tata tulis sing wis ditemtokake. Supaya gampang anggone nyusun laporan lan ora njalari salang-surup utawa tumpang-tindhih, prayogane nggawea reng-rengan dhisik.
B. Reng-rengan Laporan Kegiatan (Tuladha)
Irah-irahan: Kegiatan Pengetan HUT RI ing sekolah
I. Pambuka (ngandhut bab-bab sing ana gegayutane karo ancas kene apa dianakake kegiatan kasebut)
II. Isi:
1. susunan panitia
2. susunan lan jadwal kegiatan/lomba
3. Anggaran dana
4. Lumakuning kegiaatan
5. ......... lan seteruse
III. Panutup
1. Dudutan
2. Pangajab
Adhedhasar reng-rengan kasebut, rerangkene tulisan kita gegayutan karo kegiatan wis kaleksanan bisa dikembangake saengga mujudake sawijining laporan kang jangkep.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar